Kira-kira wis setaun desa
Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara
gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha
Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe
sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing
sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya
nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula
mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha
menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka
sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok
cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul
sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur
digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha
menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih
ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang
pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami
tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing
ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis
cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing
pawone.
Mbok Randha kaget ora
kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri
kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki
sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana,
aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong
Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur
njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb
ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi
Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka
kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing
kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari
Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni
Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku
ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan
wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog
Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa
kraton, crita menawa dheweke diutus
Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang
diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana
liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi
Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan
nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine
garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo
garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing
desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune
Mbok Randha Dhadapan.
No comments:
Post a Comment