Sakwijining
desa Suka Maju, ana pemuda sing arane Malin Kundang. Dewekke urip bareng ibune,
nanging bapake sampun seda.
Ibu :”Malin, yen kayu bakare wes kumpul
kabeh, langsung diwenehke marang Bu Ratih ya, men dina iki dewe
bisa masak.”
Malin :”Inggih bu. Bu
menapa Bapak mboten maringi warisan kangge piyambak bu?. Dewe dadi kasusahan
saiki.”
Ibu :”Bapak kuwi sedo ora ana rencanane.
Bapakmu kuwi seda amarga tabrakan.”
Malin :”Nanging bu,
menawi bapak ninggalipun prau utawi becak, kula saged golek arto bu.”
Ibu :”Wes to le lakoni wae.”
Malin :”Bu,menawi kula
merantau pripun bu?.”
Ibu :”haa?ojo le,ibu kuatir yen kowe
lunga terus ibu neng kene karo
sopo?.”
Malin
ndelok ibune karo bingung, Sesuke Malin takon maneh marang ibune arep lunga
merantau.
Malin :”Bu, kula badhe
merantau ing kota yo bu. Sapa ngerti, kula saged kepareng pakaryan kangge
panguripan piyambak.”
Ibu :”Kowe wes
yakin? Ngluru kerja neng kota luwih angel tinimbang luru kerja neng desane dewe
iki.”
Malin :”Kula sampun
yakin bu, nyuwun restunipun.”
Ibu :”Yo wis lah, sakarepmu yen kuwi wes
dadi tekadmu. Ibu mung bisa ndongakke.”
Malin :”Njeh bu,
maturnuwun.”
Ibu :”iyo le.”
Sesukke
Malin lan Ibune ono ing pelabuhan.
Ibu :”Malin, ati-ati yo le, ojo lali
sholat, kirim kabar, men ibu ora kuwatir.”
Malin :”Inggeh bu,”
Malin
mangkat nganggo prau. Neng tengah laut, teka angin lan ombak gedhe, sing
gawe prau sing ditumpakki Malin ancur lan kedampar ing sawijining desa. Sakwise
pengawal lan Cahaya, sing anake wong sugih weruh Malin sing kedampar.
Cahaya :”Pengawal, opo kuwi?Kaya ana sing aneh.”
Pengawal :”Wonten pundi Ndoro Putri?”
Cahaya :”Kuwi
neng kono neng cedak watu.”
Pengawal :”Inggeh leres, wonten prau ten pinggir laut monggo mirsani
ndoro putri.”
Cahaya :”yo.”
Pengawal :”Ndoro, ten mriki wonten tiyang semaput.”
Cahaya :”Iyo, ketokke nelayan, mending digowo neng
omah wae.”
Singkate
Malin tekan omahe Cahaya, lan kenalan karo Bapakke Cahaya. Sakwise kenalan
kuwi, Malin didadekke karyawan ing omahe lan dadi akrab karo Cahaya, nganti
tresno karo Cahaya.
Malin :”Cahaya, aku arep ngomong karo kowe.”
Cahaya :”Ngomong opo to mas?”
Malin :”e…e…e…”
Cahaya :”Opo mas?Kok gugup?”
MalIn :”Sak benere aku iki tresno karo awakmu.”
“Kok
anteng?gelem to dadi bojoku?”
Cahaya :”E… Gelem mas, aku juga tresno karo
panjenengan.”
Malin lan
Cahaya nikah lan urip seneng nganti lali karo janjine marang Ibune seng neng
desa. Sakwise nikah karo Cahaya, Malin kerja dadi karyawan mertuane. Ora
sengojo prau nyandar neng desa Suka Maju panggonane dewekke lan ibune urip.
Malin lan Cahaya jalan-jalan neng pesisir dijaga karo pengawale.
Cahaya :”Nggone penak yo mas? Aku dadi kepengen urip
neng kene.”
Malin :”Arep ngopo neng kene? Neng kono wes ayem kok, podo
wae apik, mung awakmu wae sing durong tau mrene, dadine ngrasa apik.”
Cahaya :” Inggeh mas, kula manut panjenengan.”
Pengawal :”Ndoro , kula badhe ten wingking rumiyen.”
Cahaya :”Yo, kono!.”
Neng
tengah ndalan pengawal dicegat karo Ibu Ratih.
Bu Ratih :”Pak, pak. Kula badhe tanglet”
Pengawal :”Tanglet nopo bu?”
Bu Ratih :”Tiyang niku asmanipun Malin napa
sanes?”
Pengawal :”Inggeh leres, wonten nopo bu?”
Bu Ratih :”Mriki nderek kula.”
Bu Ratih
narik pengawal nemoni Ibune Malin.
Bu Ratih :”Mak, mak, mak, ana anakmu Malin, iki
aku gawa pengawale.”
Ibu :”Malin? Neng endi? Aku wes
kangen banget karo anakku.”
Bu Ratih :”Neng pesisir, simak dandan wae tak
enteni.”
Ibu :”Iya-iya.”
Ora let
suwi, simak metu nganggo klambi anyar.
Ibu :”Piye,piye?wes
ayu opo durung?”
Bu Ratih :”wis wis, Mak”
Ibu :”Iya
bener. Ayo langsung mrono wae.”
Pengawal :”Niku Malin bu, tasih mlampah kalih garwane.”
Ibu :”Malin
Ya Allah Malin, kowe wes sukses,. Alhamdulillah.”
Malin :”Sampeyan ki sopo?”
Ibu :”aku
ibumu, Sing nglairke kowe.”
Malin :”Ibu?Ibuku sampun sedo,mbah,”
Ibu :”Astagfirullahal’adzim…,
Nyebut lee Ya Allah.”
Cahaya :”Iku sapa mas?,menawi pancen leres,punapa
mboten ngaku mawon mas?”
Malin :”Ora ngerti aku,ngaku-ngaku dadi ibuku.Wes ora usah
diurusi.Ayo lunga wae.”
Ibu :”Malin,
Malin iki aku Ibumu nak!Ibumu sing nglairke kowe,seng nggedekke kowe le!”
Malin :”Mbah, sampun mbah, Ibuku sampun sedo!”
Ibu :”Malin!.
Durhaka kowe!Malin!Malin! Ya Allah, siji-sijine anakku kaya kuwi?.Aku sing
nglairke, sing nggedekke kowe le!Paringi Malin balesan-Mu ya Allah,Malin pancen
anak durhaka!Durhaka kowe Malin!”
Moro-moro,
ana badai gede banget, angin kenceng banget, kilate nyamber-nyamber.
Malin :” Ana apa iki? Cahaya kowe lunga sek!”
Cahaya :”inggeh, inggeh mas.”
Temu-temu
ana kilat nyamber Malin.
Malin :” arrrgghhhh”
Malin
langsung ke ubah dadi watu.
No comments:
Post a Comment