Geguritan karya siswa/siswi XI IPS-1 SMAN 2 Bojonegoro


PERJUANGAN
(Karya: Adistiya Rizki Ariza)

Nganti Gugur Mbela Negara
Adus Keringet Adus Getih Wis Biasa
Ninggal Sanak Lan Sodara
Demi Mbela Bumi Pertiwi
Bandayuda Ing Ngendi-Ngendi
Kasor, Unggul Tetep Dilakoni
Gegaman Ing Tanganmu        
Raga Iki Wis Mangkel Marang Panjajah










Nama  : Adistiya Rizki Ariza
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 01
DARSANA
(Karya: Alfianti Nur Fauzia)

Raja Kang Aji Kanggone Praja
Nanging Lumah Tangan Lan Gedhe Endhase
Ora Iling Kalihan Kaum Sudra
Ingkang Sampun Milih Ora Wedi Getih
            Sira Apa Ora Ajrih...
            Kalihan Gusti Kang Maha Bisa
            Bisa Ngilangake Nyawa Saking Raga
            Uga Bisa Mbubrahake Arcapada










Nama  : Alfianti Nur Fauzia
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 02
GURUKU
(Karya: Ayu Dwi Wulandari)

Sajroning atiku..
Ora bisa lali marang jasamu
Bisa apa aku nepaki bumi iki
Kluntrang-kluntrung tanpa ilmu
Jangkahku isih adoh
Uripku isih semrawut
Donga pangestumu
Nuntun maarang suksesku










Nama  :  Ayu Dwi Wulandari
Kelas   :  XI IIS 1
Absen :  03
IBU
(Karya: Dekick Jacinda One Alvina)

Ibu.....
9 Sasi Sliramu Ngandung Aku
9 Sasi Sliramu Ngetosi Kelahiranku
9 Sasi Sliramu Ngrawat Aku
Ibu.....
Pengorbananmu Kang Tanpa Wates
Kanggo Nguripi Aku
Surya Ngganteni Rembulan
Rembulan Ngganteni Surya
Sliramu Tansah Nyambut Gawe
Ibu.....
16 Tahun
Sliramu Ngendikani Kula
Ngelmu Ingkang Kathah
Pandongaku Marang Sliramu
Mugi Gusti Allah
Paring Selamet Lan Kebugahan

Nama  :  Dekick Jacinda One Alvina
Kelas   :  XI IIS 1
Absen :  04
MUSHOLLA
(Karya: Desy Rahmadani)

Mushola...
Iki Panggon Ibadah
Panggonku Nyembah Marang Gusti
Panggonku Bisa Nentremake Ati
            Mushola...
            Panggon Kang Ora Mewah
            Tapi Aku Bungah
            Deleng Musholaku Sing Endah










Nama  :  Desy Rahmadani
Kelas   :  XI IIS 1
Absen :  05
DRANA
(Karya: Dewi Apriliana)

Dadi Wong Sing Jembar Dhadhane
Ojo Seneng Cangkem Gatel Marang Sapada
Menawa Nggawe Cupet Atine Wong Liya
Lan Nggawe Rudhah Wong Tuwa
            Yen Isih Enom
            Akeh-Akehno Adol Prugon
            Pinter Adol Kringet
            Kanggo Golek Warta Ing Jagad
Gilig Tekade Nyukupi Busana Baga Lan Graha
Saking Ngenaki Ati Bapa Biyung
Ngewangi Marang Jalma Turida
Lan Adibakti Nagari Indonesia






Nama  :  Dewi Apriliana
Kelas   :  XI IIS 1
Absen :  06
AGAMA
(Karya: Erika Asha Irianti)

Dalem Mung Tiyang Kang Lemah
Kang Mboten Saged Mlampah
Dalem Mung Tiyang Ingkang Gampil Grimpil
Tansah Kegoda Kasenengan Surga Donya
            Mung Siji Panjalukku
            Tuntun Dalem Wonten Ing Margi
            Amung Bisa Dedonya
            Mugiya Bisa Tinampi Nirwana










Nama  : Erika Asha Irianti
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 07
PAYUDAN
(Karya: Ezza Fendiansyah Prayogo)

Ing Sawijining Dina
Bawana Katon Tentrem Lan Damai
Para Manungsa Ingkang Bungah Atine
Nanging Saiki Wis Beda
Payudan Ing Pundi – Pundi
Getih Lan Pedang Panganan Sadina – Dina
Akeh Manungsa Kang Seda
Kapan Keadaan Iki Suda ?
Kabeh Kudu Iso Ngeregani Marang Siji Lan Liyane
Kudu Iso Ngapura Siji Lan Liyane
Dadi Paprangan Iso Suda
Lan Bumi Katon Tentrem Lan Damai Sejahtera






Nama  : Ezza Fendiansyah Prayogo
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 08
SEDINO WAE KONCO
(Karya: Fahri Setyo Utomo)

Siji Konco Nggowo Telu Konco
Saben Konco Nggandeng Lima Konco
Wis Piro Wae Kene Nduwe Konco
Siji Konco Nggowo Telu Konco
Saben Konco Nggandeng Lima Kanca
Yen Kabeh Sak Pabrik, Siji Serikat Buruh
Siji Tuntutan, Siji Swara
Mogok Karo Sewu Poster
Telu Dino Telu Bengi
Sedino Wae Konco
            Yen Kene Koyo Atusan Semut
            Mogok Mergawe
            Menawi Kapas Tetep Dadi Kapas
            Ogak Maleh Dadi Kain
            Koyo Palastrane Pabrik
            Sedino Wae Konco
            Yen Kene Mogok
            Kapitalis Mesti Bobrok






Nama  : Fahri Setyo Utomo
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 09
OMAHKU
(Karya: Faraj Naufal Achmad)

Omahku...
Ora Megah Lan Ora Mewah
Ora Magrong-Magrong
Nanging, Bisa Kanggo Papan Urip
            Nalika Bali Sekolah
            Aku Bali Ing Omahku
            Disambut Bapak Lan Ibu
            Aku Uga Bisa Leren Yen Kesel
Omahku, Pancen Ora Gedhe
Nanging, Bisa Ngelindungi Saka Udan
Bisa Nglindungi Saka Panas
Omahku, Istanaku






Nama  : Faraj Naufal Achmad
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 10
PURNAMA
(Karya: Febryanti Dwi Saputri)

Purnama Dewi Candra Nembus Mega-Mega
Suminar Padhang Nguasa Cakrawala
Semana Uga Candra Kartika
Jumeneng Ayu, Nglipur Atiku
            Aku Sing Lungguh Jumejer Resah
Rasaake Ratri, Ngupadi Bungahing Ati
            Nyawang Parasing Wengi Kang Endah
            Gugurake Ati Kang Lagi Susah










Nama  : Febryanti Dwi Saputri
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 11
PAHLAWANKU
(Karya: Frieda Risma Dwi Novita)

Akehe Jasamu
Nyiram Ibu Pertiwi
Senadyan Sang Ibu
Kudu Nunduk Sedih
Nanging Ora Diketokake
            Pahlawanku
            Muga Gusti Paringana Anugrah
            Semana Gedene Bektimu
            Jiwa Raga Bandha Donya
            Tanpa Sisa Taruhane Nyawa
            Amung Siji Kepinginanmu
            Merdeka!






Nama  : Frieda Risma Dwi Novita
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 12
SASI PURNAMA
(Karya: Herfiana Andrani)

Rembulan...
Sore Dadi Wengi
Peteng Dadi Padhang
Padhang Njingglang Ngalahi Surya
            Rembulan...
            Cahyamu Terang...
            Ngranjani Wengi...
            Bentukmu Bunder Ser...
            Koyo Cincin Disebar Permata
            Gagah Perkasa Ing Antariksa








Nama  : Herfiana Andrani
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 13
NEGARAKU
(Karya: Herliana Ananta Putri)

Negaraku
Kaya Brama Kang Mungal
Sagung Wes Ora Koyok Mbiyen
Iki Negara Utawa Opo?
Urip Mbiyen Serba Gampang
Sagung Padha Trusta
Sagung Padha Luhur
Luhur Amarga Arta
Jabatan Digawe Royokan
Duwek Rakyat Digawe Bojaan
Rakyat Podo Rimang
Negara Denira Korupsi






Nama  : Herliana Ananta Putri
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 14
BUNGAH IKU SEDERHANA
(Karya: Liaoktany Cella Cerlimilenda)

Awit Pisanan Kepanggih Dening Riko
Bungah Mudal Ora Karowan Jroning Kalbu
Ingsun Nyobo Tepangan Kalian Riko
Gawe Bakal Kawruh Isi Driyo Iki
            Bungahe Ati Iki
            Ngibarat Jampi Katekanmu
            Sepisan Riko Ono Ing Tangan
            Ora Bakal Riko Kasiyo-Siyo










Nama  : Liaoktany Cella Cerlimilenda
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 15
MAKARYA KANG ANGGER
(Karya: Muchlisin)

Nalika Rasa Iki Tumrap Tresna
Anangin Raga Tanpa Busana
Ngiranyake Tresna Kang Makarya
Yen Sira Mboten Tasbeh Marang Kuasa
            Embuh Ora Ngerti Eling
            Yen Angger Ucap Lan Polah
            Dados Sangu Urip Ing Tengahing
            Sanajan Mboten Eling Gusti Welas Asih










Nama  : Muchlisin
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 16
BARASDA GARUDA SAKTI
(Karya: Muhammad Rizki Adhi Wiyono)

Bagaskara Katon Mancarake Ambune Brama
Maju Mengarep Anggawani Ragane Patimura
Kang Katah Sandhungane
Adus Kringet Lan Sakpiturute
Kanthi Abang Mbranang Pasungane
Swara Obah Mosike Ampeyan Kang Ndrobak Arga
Jeritan Swarane Buyute Diponegoro
Kang Aggaweni Jiwa Kebak Tenaga
            Siap Tegap Siap Rekasa
            Wani Mati Ora Nggagas Cap Cip E Lathi
            Detak Ireng Kacampur Dadi Siji
            Ing Siji Mung Janji Ning Ati
            Barasda Garuda Sakti





Nama  : Muhammad Rizki Adhi Wiyono
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 17
WANGSIT ING TENGAH WENGI
(Karya: Putu Marcelia Amandari)

Ing Jroning Wengi
Lamat-Lamat Keprungu Suara Wisik
Ngawe-Awe Ibu Katon Nimbali
Ndhuk, Putriku Kang Dak Tresanani
Gulowentahane Adhimu Sok Tininggale Ibu
            Ibu Bakal Ing Nirwana
            Malaikat Izroil Wis Tumeka
            Jiwo Ibu Wis Ora Nyuara Maneh
Ojo Banget Dadi Dhuhkitamu
Jiwa Bakal Tentrem Ing Sandhinge Gusti
Ojo Banget Anggonmu Sungkawa
Ngono Kabeh Mau Wis Dadi Pesthine Gusti
            Biyen Dakpikir Kui Kabeh Amung Nyupeno Kang Ala
            Tapi Saiki Dadi Kahanan Nyata
            Monggo Sare...Ibuku
            Mugo Reno Ing Swargo


Nama  : Putu Marcelia Amandari
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 18
GURU
(Karya: Rafika Ulin Nuha)

Guru Iku Di Gugu Lan Ditiru
Guru Iku Panutaning Tingkah Laku
Paring Ilmu Ora Nyawang Wektu
Sakjerone Esemmu Ono Keselmu
Guruku
            Ora Ana Piwales Seng Bisa Anggeteni
Kabeh Kuwi Wujud Ikhlasing Ati
Pituturmu Ora Bakal Tak Laleni
Ndadekna Aku Manungsa Seng Migunani                                                                








Nama  : Rafika Ulin Nuha
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 19
PUTERAN BUMI
(Karya: Rafli Adam Handoyo)

Dino Dino Mulai
Bagaskara Mlentang Ngasorake Candra
Soca Ingkang Kepyor Mula Benther
Ngeganti Pethenge Wengi Madangi Bumi
            Kabenthang Endahe Tanah Iki
            Tan Katon Asri Sejuk Nentremake Raga
            Ana Ing Sawah Panggawe Pangan
            Murih Ilmu Tang Ginayuh Gunani Pada Pada










Nama  : Rafli Adam Handoyo
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 20
INDAHING BANU
(Karya: Rika Febriani)

Ndeleng Banu Ing Nduwur Giri
Katon Endah Nentramno Ati
Ndeleng Sliramu Kang Endah Iki
Bukti Keagungan Gusti
            Jago Kluruk Muni
            Dadikno Jagad Iki Dumadi
            Pawongan Pada Tangi
            Saking Enakke Mandragini










Nama  : Rika Febriani
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 21
GENI ABADI
(Karya: Satya Ichza Bhintara)

Geni Kuwi Tansah Murup
Ora Ngatek Kiwo Tengene
Nadyan Di Grujug Tirto
Nanging Geni Kuwi Ora Seda
Geni Kuwi Tansah Murup
            Kaya Geni Kang Ana Jero Ati
            Angel Dipateni Lan Angel Di Ademake
Geni Kuwi Tansah Murup
Ing Kayangan Api
Ninggal Sejarah
Kanggo Anak Putu







Nama  : Satya Ichza Bhintara
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 22
LINTANG
(Karya: Siti Lilik Nur Rohmah)

Lintang…….
Nalika Kresna Awang – Awang
Cahyamu Ngalahna Padhange Rembulan
Rupamu Ngalahno Baguse Arjuna
Lintang ……..
Senadyan Batara Surya, Kondang Kaonang Onang
Senadnyan Batara Indra, Udan Gludug Gak Karoan
Mrih, Padha Rebutan
Batara Ismaya, Ngusir Keangkuhan
Lintang……….
Wismamu Ana Ing Tawang
Nanging,
Nalika Tikbra Driya
Sliramu Tansah Nyanding
Nalika Trusta Tyas
Sliramu Tansah Setya


Nama  : Siti Lilik Nur Rohmah
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 23
IBU
(Karya : Siti Nunung Dwi Oktaviana)

Ibu
Anakmu Kang Dak Wanti-Wanti
Kang Dak Kawatirake
Kang Kok Titipake Ana Pawiyatan Golek Ilmu Iki
Iki Anakmu 
            Kang Durung Isa Nyenengke Ibu
            Kang Durung Bisa Nyenengake Keluargaku
            Kang Isih Dadi Tanggunganmu
Nanging Ibu
Anakmu Iki Bakal Banggaake Ibu
Banggaake Keluarga Kabeh
Anakmu Iki Bakalan Sareh
Kanggo Nyekel Lintang Ana Awing-Awang
            Kang Kadang Ditutup Mendhung Kang Gumawang
            Kang Kadhangbmripat Wae Wis Ora Bisa Weruh
            Nanging Aku Rabakal Nyerah Kanggo Nggayuh


Nama  : Siti Nunung Dwi Oktaviana
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 24
PELANGI
(Karya: Yumna Aliffa Lestari)

Ati Kang Lara Dadi Waras
Yen Ndeleng Endahing Pelangi
Pikiran Kang Buntu Dadi Bablas
Yen Ndeleng Endahing Sore Iki
            Matur Syukur Marang Gusti
            Kang Wes Nggambar Endahing Pelangi
            Masio Mung Sagebyaran Eeja
            Nanging Isa Nggawe Ati Trustha










Nama  : Yumna Aliffa Lestari
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 25
LINTANG URIPKU
(Karya: Asti Vannia Chairunnisa)

Ibu...
Sakjerone Mesemmu Ana Keselmu
Sadino Sawengi Kerjo Nggo Nguripu Awakku
Tansah Kuat, Tanpo Sambat
Mung Kanggo Awakku...
            Mung Ibu Kang Sabar Ngadepi Awakku
            Nalika Awakku Nakal Lan Ndablek
            Tresno Sejatimu...
            Ora Ana Tandingane
            Dungaku...
            Muga Gusti Paring Panggon Nirwana







Nama  : Asti Vannia Chairunnisa
Kelas   : XI IIS-1
Absen : 26

No comments:

Post a Comment

SISTEM INFORMASI MANAJEMEN “MANAJEMEN SITUS ONLINE TOKOPEDIA”

  Nama Kelompok: 1.       Feri Dika Nugroho                   18542011016 2.       M. Aiyi Ahlaku Rosat              18542011024 3.   ...