PERJUANGAN
(Karya:
Adistiya Rizki Ariza)
Nganti Gugur Mbela Negara
Adus Keringet Adus Getih Wis Biasa
Ninggal Sanak Lan Sodara
Demi Mbela Bumi Pertiwi
Bandayuda Ing Ngendi-Ngendi
Kasor, Unggul Tetep Dilakoni
Gegaman Ing Tanganmu
Raga Iki Wis Mangkel Marang
Panjajah
Nama : Adistiya Rizki Ariza
Kelas : XI IIS-1
Absen : 01
DARSANA
(Karya:
Alfianti Nur Fauzia)
Raja Kang Aji Kanggone Praja
Nanging Lumah Tangan Lan Gedhe Endhase
Ora Iling Kalihan Kaum Sudra
Ingkang Sampun Milih Ora Wedi Getih
Sira
Apa Ora Ajrih...
Kalihan
Gusti Kang Maha Bisa
Bisa
Ngilangake Nyawa Saking Raga
Uga
Bisa Mbubrahake Arcapada
Nama : Alfianti Nur Fauzia
Kelas : XI IIS-1
Absen : 02
GURUKU
(Karya:
Ayu Dwi Wulandari)
Sajroning atiku..
Ora bisa lali marang jasamu
Bisa apa aku nepaki bumi iki
Kluntrang-kluntrung tanpa ilmu
Jangkahku isih adoh
Uripku isih semrawut
Donga pangestumu
Nuntun maarang suksesku
Nama : Ayu
Dwi Wulandari
Kelas : XI
IIS 1
Absen : 03
IBU
(Karya:
Dekick Jacinda One Alvina)
Ibu.....
9 Sasi Sliramu Ngandung Aku
9 Sasi Sliramu Ngetosi Kelahiranku
9 Sasi Sliramu Ngrawat Aku
Ibu.....
Pengorbananmu Kang
Tanpa Wates
Kanggo Nguripi Aku
Surya Ngganteni
Rembulan
Rembulan Ngganteni
Surya
Sliramu Tansah Nyambut
Gawe
Ibu.....
16 Tahun
Sliramu Ngendikani Kula
Ngelmu Ingkang Kathah
Pandongaku Marang Sliramu
Mugi Gusti Allah
Paring Selamet Lan Kebugahan
Nama : Dekick
Jacinda One Alvina
Kelas : XI
IIS 1
Absen : 04
MUSHOLLA
(Karya:
Desy Rahmadani)
Mushola...
Iki Panggon Ibadah
Panggonku Nyembah Marang Gusti
Panggonku Bisa Nentremake Ati
Mushola...
Panggon
Kang Ora Mewah
Tapi
Aku Bungah
Deleng
Musholaku Sing Endah
Nama : Desy
Rahmadani
Kelas : XI
IIS 1
Absen : 05
DRANA
(Karya:
Dewi Apriliana)
Dadi Wong Sing Jembar Dhadhane
Ojo Seneng Cangkem Gatel Marang Sapada
Menawa Nggawe Cupet Atine Wong Liya
Lan Nggawe Rudhah Wong Tuwa
Yen Isih
Enom
Akeh-Akehno
Adol Prugon
Pinter
Adol Kringet
Kanggo
Golek Warta Ing Jagad
Gilig Tekade Nyukupi Busana Baga Lan Graha
Saking Ngenaki Ati Bapa Biyung
Ngewangi Marang Jalma Turida
Lan Adibakti Nagari Indonesia
Nama : Dewi
Apriliana
Kelas : XI
IIS 1
Absen : 06
AGAMA
(Karya: Erika Asha Irianti)
Dalem Mung Tiyang Kang Lemah
Kang Mboten Saged Mlampah
Dalem Mung Tiyang Ingkang Gampil Grimpil
Tansah Kegoda Kasenengan Surga Donya
Mung Siji
Panjalukku
Tuntun
Dalem Wonten Ing Margi
Amung
Bisa Dedonya
Mugiya
Bisa Tinampi Nirwana
Nama : Erika Asha Irianti
Kelas : XI IIS-1
Absen : 07
PAYUDAN
(Karya:
Ezza Fendiansyah Prayogo)
Ing Sawijining Dina
Bawana Katon Tentrem Lan Damai
Para Manungsa Ingkang Bungah Atine
Nanging Saiki Wis Beda
Payudan Ing Pundi –
Pundi
Getih Lan Pedang
Panganan Sadina – Dina
Akeh Manungsa Kang Seda
Kapan Keadaan Iki Suda
?
Kabeh Kudu Iso Ngeregani Marang Siji Lan Liyane
Kudu Iso Ngapura Siji Lan Liyane
Dadi Paprangan Iso Suda
Lan Bumi Katon Tentrem Lan Damai Sejahtera
Nama : Ezza Fendiansyah Prayogo
Kelas : XI IIS-1
Absen : 08
SEDINO
WAE KONCO
(Karya:
Fahri Setyo Utomo)
Siji Konco Nggowo Telu Konco
Saben Konco Nggandeng Lima Konco
Wis Piro Wae Kene Nduwe Konco
Siji Konco Nggowo Telu Konco
Saben Konco Nggandeng Lima Kanca
Yen Kabeh Sak Pabrik, Siji Serikat Buruh
Siji Tuntutan, Siji Swara
Mogok Karo Sewu Poster
Telu Dino Telu Bengi
Saben Konco Nggandeng Lima Konco
Wis Piro Wae Kene Nduwe Konco
Siji Konco Nggowo Telu Konco
Saben Konco Nggandeng Lima Kanca
Yen Kabeh Sak Pabrik, Siji Serikat Buruh
Siji Tuntutan, Siji Swara
Mogok Karo Sewu Poster
Telu Dino Telu Bengi
Sedino Wae Konco
Yen Kene Koyo Atusan Semut
Mogok Mergawe
Menawi Kapas Tetep Dadi Kapas
Ogak Maleh Dadi Kain
Koyo Palastrane Pabrik
Sedino Wae Konco
Yen Kene Mogok
Kapitalis Mesti Bobrok
Yen Kene Koyo Atusan Semut
Mogok Mergawe
Menawi Kapas Tetep Dadi Kapas
Ogak Maleh Dadi Kain
Koyo Palastrane Pabrik
Sedino Wae Konco
Yen Kene Mogok
Kapitalis Mesti Bobrok
Nama : Fahri Setyo Utomo
Kelas : XI IIS-1
Absen : 09
OMAHKU
(Karya:
Faraj Naufal Achmad)
Omahku...
Ora Megah Lan Ora Mewah
Ora Magrong-Magrong
Nanging, Bisa Kanggo Papan Urip
Nalika
Bali Sekolah
Aku Bali
Ing Omahku
Disambut
Bapak Lan Ibu
Aku Uga
Bisa Leren Yen Kesel
Omahku, Pancen Ora Gedhe
Nanging, Bisa Ngelindungi Saka Udan
Bisa Nglindungi Saka Panas
Omahku, Istanaku
Nama : Faraj Naufal Achmad
Kelas : XI IIS-1
Absen : 10
PURNAMA
(Karya:
Febryanti Dwi Saputri)
Purnama Dewi Candra Nembus Mega-Mega
Suminar Padhang Nguasa Cakrawala
Semana Uga Candra Kartika
Jumeneng Ayu, Nglipur Atiku
Aku Sing
Lungguh Jumejer Resah
Rasaake Ratri, Ngupadi
Bungahing Ati
Nyawang
Parasing Wengi Kang Endah
Gugurake
Ati Kang Lagi Susah
Nama : Febryanti Dwi Saputri
Kelas : XI IIS-1
Absen : 11
PAHLAWANKU
(Karya:
Frieda Risma Dwi Novita)
Akehe Jasamu
Nyiram Ibu Pertiwi
Senadyan Sang Ibu
Kudu Nunduk Sedih
Nanging Ora Diketokake
Pahlawanku
Muga Gusti
Paringana Anugrah
Semana
Gedene Bektimu
Jiwa Raga
Bandha Donya
Tanpa
Sisa Taruhane Nyawa
Amung
Siji Kepinginanmu
Merdeka!
Nama : Frieda Risma Dwi Novita
Kelas : XI IIS-1
Absen : 12
SASI
PURNAMA
(Karya:
Herfiana Andrani)
Rembulan...
Sore Dadi Wengi
Peteng Dadi Padhang
Padhang Njingglang Ngalahi Surya
Rembulan...
Cahyamu
Terang...
Ngranjani
Wengi...
Bentukmu
Bunder Ser...
Koyo
Cincin Disebar Permata
Gagah
Perkasa Ing Antariksa
Nama : Herfiana Andrani
Kelas : XI IIS-1
Absen : 13
NEGARAKU
(Karya:
Herliana Ananta Putri)
Negaraku
Kaya Brama Kang Mungal
Sagung Wes Ora Koyok Mbiyen
Iki Negara Utawa Opo?
Urip Mbiyen Serba Gampang
Sagung Padha Trusta
Sagung Padha Luhur
Luhur Amarga Arta
Jabatan Digawe Royokan
Duwek Rakyat Digawe Bojaan
Rakyat Podo Rimang
Negara Denira Korupsi
Nama : Herliana Ananta Putri
Kelas : XI IIS-1
Absen : 14
BUNGAH
IKU SEDERHANA
(Karya:
Liaoktany Cella Cerlimilenda)
Awit Pisanan Kepanggih Dening Riko
Bungah Mudal Ora Karowan Jroning Kalbu
Ingsun Nyobo Tepangan Kalian Riko
Gawe Bakal Kawruh Isi Driyo Iki
Bungahe
Ati Iki
Ngibarat
Jampi Katekanmu
Sepisan
Riko Ono Ing Tangan
Ora
Bakal Riko Kasiyo-Siyo
Nama : Liaoktany Cella Cerlimilenda
Kelas : XI IIS-1
Absen : 15
MAKARYA
KANG ANGGER
(Karya:
Muchlisin)
Nalika Rasa Iki Tumrap Tresna
Anangin Raga Tanpa Busana
Ngiranyake Tresna Kang Makarya
Yen Sira Mboten Tasbeh Marang Kuasa
Embuh
Ora Ngerti Eling
Yen
Angger Ucap Lan Polah
Dados
Sangu Urip Ing Tengahing
Sanajan
Mboten Eling Gusti Welas Asih
Nama : Muchlisin
Kelas : XI IIS-1
Absen : 16
BARASDA
GARUDA SAKTI
(Karya:
Muhammad Rizki Adhi Wiyono)
Bagaskara Katon Mancarake Ambune Brama
Maju Mengarep Anggawani Ragane Patimura
Kang Katah Sandhungane
Adus Kringet Lan Sakpiturute
Kanthi Abang Mbranang Pasungane
Swara Obah Mosike Ampeyan Kang Ndrobak Arga
Jeritan Swarane Buyute Diponegoro
Kang Aggaweni Jiwa Kebak Tenaga
Siap Tegap
Siap Rekasa
Wani Mati
Ora Nggagas Cap Cip E Lathi
Detak
Ireng Kacampur Dadi Siji
Ing
Siji Mung Janji Ning Ati
Barasda
Garuda Sakti
Nama : Muhammad Rizki Adhi Wiyono
Kelas : XI IIS-1
Absen : 17
WANGSIT
ING TENGAH WENGI
(Karya:
Putu Marcelia Amandari)
Ing Jroning Wengi
Lamat-Lamat Keprungu Suara Wisik
Ngawe-Awe Ibu Katon Nimbali
Ndhuk, Putriku Kang Dak Tresanani
Gulowentahane Adhimu Sok
Tininggale Ibu
Ibu Bakal
Ing Nirwana
Malaikat
Izroil Wis Tumeka
Jiwo Ibu
Wis Ora Nyuara Maneh
Ojo Banget Dadi Dhuhkitamu
Jiwa Bakal Tentrem Ing Sandhinge Gusti
Ojo Banget Anggonmu Sungkawa
Ngono Kabeh Mau Wis Dadi Pesthine Gusti
Biyen
Dakpikir Kui Kabeh Amung Nyupeno Kang Ala
Tapi
Saiki Dadi Kahanan Nyata
Monggo
Sare...Ibuku
Mugo
Reno Ing Swargo
Nama : Putu Marcelia Amandari
Kelas : XI IIS-1
Absen : 18
GURU
(Karya:
Rafika Ulin Nuha)
Guru Iku Di Gugu Lan Ditiru
Guru Iku Panutaning Tingkah Laku
Paring Ilmu Ora Nyawang Wektu
Sakjerone Esemmu Ono Keselmu
Guruku
Ora
Ana Piwales Seng Bisa Anggeteni
Kabeh Kuwi Wujud Ikhlasing
Ati
Pituturmu Ora Bakal Tak
Laleni
Ndadekna Aku Manungsa
Seng Migunani
Nama : Rafika Ulin Nuha
Kelas : XI IIS-1
Absen : 19
PUTERAN
BUMI
(Karya:
Rafli Adam Handoyo)
Dino Dino Mulai
Bagaskara Mlentang Ngasorake Candra
Soca Ingkang Kepyor Mula Benther
Ngeganti Pethenge Wengi Madangi Bumi
Kabenthang
Endahe Tanah Iki
Tan Katon
Asri Sejuk Nentremake Raga
Ana Ing
Sawah Panggawe Pangan
Murih
Ilmu Tang Ginayuh Gunani Pada Pada
Nama : Rafli Adam Handoyo
Kelas : XI IIS-1
Absen : 20
INDAHING
BANU
(Karya:
Rika Febriani)
Ndeleng Banu Ing Nduwur Giri
Katon Endah Nentramno Ati
Ndeleng Sliramu Kang Endah Iki
Bukti Keagungan Gusti
Jago
Kluruk Muni
Dadikno
Jagad Iki Dumadi
Pawongan
Pada Tangi
Saking
Enakke Mandragini
Nama : Rika Febriani
Kelas : XI IIS-1
Absen : 21
GENI ABADI
(Karya: Satya Ichza Bhintara)
Geni Kuwi Tansah Murup
Ora Ngatek Kiwo Tengene
Nadyan Di Grujug Tirto
Nanging Geni Kuwi Ora
Seda
Geni
Kuwi Tansah Murup
Kaya Geni Kang Ana Jero Ati
Angel Dipateni Lan Angel Di Ademake
Geni Kuwi Tansah Murup
Ing Kayangan Api
Ninggal Sejarah
Kanggo Anak Putu
Nama : Satya Ichza Bhintara
Kelas : XI IIS-1
Absen : 22
LINTANG
(Karya: Siti Lilik Nur Rohmah)
Lintang…….
Nalika Kresna Awang –
Awang
Cahyamu Ngalahna
Padhange Rembulan
Rupamu Ngalahno Baguse
Arjuna
Lintang
……..
Senadyan
Batara Surya, Kondang Kaonang Onang
Senadnyan
Batara Indra, Udan Gludug Gak Karoan
Mrih,
Padha Rebutan
Batara
Ismaya, Ngusir Keangkuhan
Lintang……….
Wismamu Ana Ing Tawang
Nanging,
Nalika Tikbra Driya
Sliramu Tansah Nyanding
Nalika Trusta Tyas
Sliramu Tansah Setya
Nama : Siti Lilik Nur Rohmah
Kelas : XI IIS-1
Absen : 23
IBU
(Karya
: Siti Nunung Dwi Oktaviana)
Ibu
Anakmu Kang Dak Wanti-Wanti
Kang Dak Kawatirake
Kang Kok Titipake Ana Pawiyatan Golek Ilmu Iki
Iki Anakmu
Kang
Durung Isa Nyenengke Ibu
Kang
Durung Bisa Nyenengake Keluargaku
Kang
Isih Dadi Tanggunganmu
Nanging Ibu
Anakmu Iki Bakal Banggaake Ibu
Banggaake Keluarga Kabeh
Anakmu Iki Bakalan Sareh
Kanggo Nyekel Lintang Ana
Awing-Awang
Kang
Kadang Ditutup Mendhung Kang Gumawang
Kang
Kadhangbmripat Wae Wis Ora Bisa Weruh
Nanging
Aku Rabakal Nyerah Kanggo Nggayuh
Nama : Siti Nunung Dwi Oktaviana
Kelas : XI IIS-1
Absen : 24
PELANGI
(Karya:
Yumna Aliffa Lestari)
Ati Kang Lara Dadi Waras
Yen Ndeleng Endahing Pelangi
Pikiran Kang Buntu Dadi Bablas
Yen Ndeleng Endahing Sore Iki
Matur
Syukur Marang Gusti
Kang Wes
Nggambar Endahing Pelangi
Masio
Mung Sagebyaran Eeja
Nanging
Isa Nggawe Ati Trustha
Nama : Yumna Aliffa Lestari
Kelas : XI IIS-1
Absen : 25
LINTANG
URIPKU
(Karya:
Asti Vannia Chairunnisa)
Ibu...
Sakjerone Mesemmu Ana Keselmu
Sadino Sawengi Kerjo Nggo Nguripu Awakku
Tansah Kuat, Tanpo Sambat
Mung Kanggo Awakku...
Mung
Ibu Kang Sabar Ngadepi Awakku
Nalika
Awakku Nakal Lan Ndablek
Tresno
Sejatimu...
Ora
Ana Tandingane
Dungaku...
Muga
Gusti Paring Panggon Nirwana
Nama : Asti Vannia Chairunnisa
Kelas : XI IIS-1
Absen : 26