Ing sawijining desa sing jenenge
Desa Sukamaju urip bocah-bocah SMA sing senengane nglanggar aturan. Bocah iku
podo kumpul ing lapangan desa kanggo mbahas tugas saka bu guru.
Muchlisin : eh. Iki piye tugase?
Satya : tugas opo tho sin? Gak enek tugas
Desy : iyo sin.
Gak enek tugas, ojo aneh-aneh we iki
Muchlisin : aku gak aneh. Emang iki enek tugas. Kan kene dikon
nggawe kerajinan tangan saking bu dewi
Ebby : oo iku aku iling lagekan. Iyo enek tugas
Satya : trus kene arep piye? Nggawe opo?
Muchlisin : nggawe kerajinan anyaman piye? Gampang kan?
Ebby : iyo gampang. Tapi we sing tuku bahane
Desy : engko aku karo ebby sing nggarap, iki kan
keahliane cah wedok
Satya : kareplah-karep
Muchlisin karo satya banjur
boncengan tumuju toko sing dodol barang-barang iku mau.
Muchlisin : iki yo sat barange
Satya : iyo
Muchlisin : tuku piro enake?
Satya : karep
Muchlisin : regane kabeh 5000 piye, sido gak?
Satya : sido
Muchlisin karo satya mbalek nek
lapangan.
Muchlisin : iki barange ndang digawe
Desy : oke
Ebby : siap, capcus
Muchlisin : gawe sing apik, sing rapi
Desy : iyo-iyo
Muchlisin, satya, desy, lan ebby
budal sekolah bebarengan lan cah iki mau banjur mlebu kelas bebarengan.
Muchlisin : eh, eh. Sopo iku? Kok aku gak kenal?
Satya : cah anyar paleng
Ebby : iyo
Desy : ajak kenalan yok
Ebby : wani to piye we?
Desy : makane baturi
Bu dewi mlebu karo nggowo tas lan
buku-bukune.
Dewi : assalamualaikum
Kabeh : waalaikumsalam
Dewi : oh yo cah. Kelas iki entok bocah baru
Satya : iyo to cah baru
Dewi : maju nang nggarep cah baru
Nunung : jenengku nunung, aku pindahan soko
SMA Wetan
Dewi : enek sing arep takon-takon karo nunung cah
baru iki?
Desy : saya bu
Dewi : ya desy
Desy : kenapa nunung pindah kesini SMA Wetan kan
sekolah sing apik
Nunung : anu...
Dewi : enek sing liyane? Gak enek yowes nunung
mbalek nek bangku
Nunung : njeh bu
Dewi : saiki wayahe presentasi tugas sing ibu wenehi
minggu wingi. wes podo digarap to?
Kabeh : sampun bu
Dewi : bagus. Murid pinter
Muchlisin, satya, desy, lan ebby
presentasi nek ngarep kelas
Ebby : iki jenenge anyaman kertas lipat
Desy : digawe nganggo tangan penuh emosi
Satya : warna warnine nggawe ketagihan
Muchlisin : iki kabeh nggawenan kene sing apik
Ebby : iso nggawe hiasan lan dolana
Desy : iso didol neng online shop pisan. Entok
untung
Nunung : hebat
Cah lima iku podo kumpul nek
lapangan maneh, nggarap tugas soko bu dewi
Nunung : eh, we kabeh keseregepan
Desy : kene emang cah sregep
Nunung : halah, rasah dikerjakno lak wes,
kanggo opo jal
Ebby : iki tugas nung, kudu dikerjakno
Satya : iyo
Nunung : tugas ngono tok ae direken, ra
penting
Muchlisin : la penting e iku koyo piye?
Nunung : nek mall, nek supermarket, iku
penting
Desy : we sugih, la kene
Ebby : betul
Nunung : halah, ra sah kerjakno dolanan ae
Muchlisin : la sesok nek bu dewi takon piye?
Nunung : muni ae nek ketinggalan. Sip kan?
Ebby : iyo sih, ngono ae piye?
Desy : iyo, gak sah kesel-kesel nggarap tugas
Satya : aku sih iyo-iyo ae
Muchlisin : yo wes, aku yo melu
Masuk sekolah.
Dewi : assalamuailakum
Kabeh : waalaikumsalam
Dewi : piye cah? Tugase wes digarap
Kabeh : (meneng)
Dewi : la kok podo meneng. Iki tugas kelompok mosok
ra enek sing nggarap
Nunung : niki bu
Dewi : nunung tok iki sing nggarap
Ebby : lo bukane we ra nggarap
Muchlisin : iyo piye sih, jare wes sepakat ora nggarap
Satya : piye sih?
Desy : nung, we mbliduki kene to
Dewi : bener iku nung?
Nunung : mboten bu, dek wingi niku kula wes
ngajak nggarap tugas eh podo mboten gelem
Dewi : cah papat iku nilaine tak kurange 10
Muchlisin : loh bu
Desy : gak adil bu
Ebby : gak adil bu
Satya : mboh lah
Bu dewi metu soko kelas lan cah
papat iku gak seneng karo nunung
Desy : nung we kok ngono to. Cah anyar tapi lawas
atine
Ebby : gak duwe ati blas
Muchlisin : wes wes iki yo koncone dewe
Desy : tapi keluwihen nakale
Muchlisin : wes to ojo dibantai, nangis lo dek e
Ebby : bantai ae lak wes
Nunung : ojo dibantai aku
Satya : pengenmu piye?
Nunung : sepurane yo, aku salah. Ojo ngadohi
aku, aku pengen duwe konco
Muchlisin : iyo tapi ojo diulangi maneh. Nek caramu ngene sing
rugi yo akeh
Nunung : iyo sepurane yo
Bu dewi masuk kelas.
Dewi : tugase wes digarap cah
Kabeh : sampun bu
Dewi : sopo sing nggarap
Kebeh : (ngacung)
Dewi : kabeh ngerjakno. La ngene lo, kompak dadi konco
Kabeh : nggih bu
No comments:
Post a Comment