YEN AKU DADI PRESIDEN
Babak 1
Bocah-bocah
podo kumpul nek kantin. Manganan lan ngombenan wes entek. Saiki podo mbahas kang
disebut cita-cita
Desy : sok ben aku pengen dadi fotografer
Dewi : aku dadi pengusaha
Ebby : nek aku sih dadi bu lurah ae
Satya : aku sok ben dadi TNI
Muchlisin : bismillah. Aku dadi presiden
Nunung : halah, sin. Sok duwur
cita-citanem. Sing biasa-biasa ae lah
Desy : iyo. Koyo aku ngene lo dadi
fotografer. Iso moto nek endi-endi karo
travelling pisan
Muchlisin : iki kan cita-citaku. Kok podo sewot?
Ebby : iyo-iyo, aku roh
Dewi : berarti we kudu sinau sing
tenanan nek pengen dadi presiden
Satya : nah, lo. Haha. Ndang sinau sin
Muchlisin : iyo. Aku tak sinau sing sregep
Babak 2
Bel sekolah
muni tandane mlebu kelas
Ebby : heh. Kao ra mlebu yo
Dewi : he’e. Kao ra mlebu, kenopo yo?
Desy : jarene sih, dek e wes ra
sekolah
Nunung : lha kenopo kok wes ra sekolah,
rabi ye dek e
Satya : huss, omongan mu lo nung
Desy : aku krungu nek wong tuane wes
ra kuat nggolek duwit, makane saiki kao
kerja
Dewi : ya Allah ngesakno aku
Nunung : salahe. Nek nggak duwe duwit i ngomong ojo meneng ae,
kan kene ra weruh
Muchlisin : nek aku dadi presiden, aku pengen
sekolah iki gratis. Bocah-bocah sing ra
Tau ngrasakno sekolah dadi pinter,
bocah-bocah sing nek pinggir dalan iso
dadi pinter
satya : weleh, pak muchlisin bersabda
nunung : tenan ye sin? Gratis?
Muchlisin : iyolah. Mosok aku mbliduk
Satya : nek we mbliduk tak penjara we
Muchlisin : eh, siapa kamu. Calon tni aja. Besok
kamu saya suruh-suruh jadi pembantu
Satya : ealah. Guyon-guyon
Dewi : wes-wes. Tambah tukaran
Desy : santron ae sin sat
Babak 3
Ing dalanan
muleh. Idep-idep wetenge ebby loro
Ebby : aduhh
Desy : kenopo eb?
Ebby : wetengku loro
Nunung : heh, cah lanang loro. Iwangi
ngangkat ebby
Satya : iyo
Muchlisin : iyo
Ebby nek
njero ruangan di periksa karo dokter. Sing liyane podo gupoh masalah sopo sing
mbayar
Desy : nung, nganggo duwitmu disik
Nunung : duwitku jek limang ewu, entok tak
enggo njajan
Desy : lha terus piye. Duwitku entek.
Dew we duwe duwit?
Dewi : duwitku yo jek limang ewu
Desy : lha kowe sat
Satya : aku ra tau dikei sangu karo buk
ku
Desy : lah lu wah
Nunung : lha we sin?
Muchlisin : yen aku dadi presiden. Aku pengen nek
rumah sakit ora mbayar, pokoke
gratis lan sing loro dadi mari lan
sehat
Nunung : muchlisin berdakwah lagi
Desy : ealah, lisin tambah guyon
Muchlisin : astagfirullah ukhti
Babak 4
Ebby wes bar
diperiksa karo dokter. Tapi saiki dek lesu
Ebby : he. Aku lesu
Desy : nung. Tukokno sego
Nunung : lha kok aku. dewi iku lo
Dewi : aku? yowes. Karo sopo?
Satya : karo lisin ae
Muchlisin : aku? yo wes?
Dewi : endi duwite?
Nunung : lha kok njalok aku
Dewi : lha sopo neh? Duwitmu kan jek
limang ewu
Nunung : yoweslah iki
Muchlisin
lan dewi metu soko rumah sakit nggolek bakul sego
Dewi : buk. Sekul pecel setunggal
Muchlisin : pinten nggeh bu?
Penjual : limang welas ewu cah
Dewi : hah? piye ki sin
Muchlisin : kula gadahe sedoso ewu. Pripun bu?
Penjual : yo wes cah. Ra popo nggolek duwit
ki angel
Muchlisin : yen aku dadi presiden. Aku arep
mbangun toko kanggo wong-wong sing
mbutuhake ben uripe kacukupan
Dewi : we ngomong opo to sin
Babak 5
Dewi lan
muchlisin mbalek
Muchlisin : ki segone
Ebby : yeee
Nunung : mangan bareng to eb
Desy : iyo. Aku yo lesu iki
Ebby : ayo
Satya : aku gak di jak ki
Dewi : sing nukokno yo gak dijak iki
Ebby : hehe. Ayo ayo. Sak bungkus
dipangan bareng-bareng
Muchlisin : yen aku dadi presiden. Aku pengen sembako
murah, dodol panganan murah
Ben wong-wong iso mangan sak puase
sampek wareg
desy : we njalok ra, entek engko
sego pecele
iku cerita
soko cah-cah sing lagek arep gede mbahas tentang cita-cita. Kabeh cita-cita
bisa katurut yen kene sregep sinau lan sregep makarya. wassalam
No comments:
Post a Comment